Pepatah Jowo :
⚜ PRATONDHO SOKO ROGO ⚜
🍉 Yèn sliramu tuwo terus ompong.
Iku pertandhanè sedhèlo manèh bakalè ngerong.
Mulanè urip ojo dadi wong sombong.
Mengko kabèh amalè iso kobong.
🍉 Yèn sliramu tuwo tambah kisut.
Iku pertandhanè sedhèlo manèh mlebu luwèng ciut.
Mulanè urip ojo lacut.
Anggonè maksiat ojo kebacut.
Lan ojo dilanjut.
🍉 Yèn sliramu tuwo terus rambutè putih.
Kuwi mertandhanè yèn sedèlo manèh bakalè mulih.
Mulanè yèn urip sing ikhlas ojo tansah pamrih.
Ngèlingono nyowo iki amung nyilih.
🍉 Yèn sliramu tuwo terus mripatè rabun.
Iku mertandhani nyowo wis cedhak ubun-ubun.
🍉 Yèn sliramu tuwo terus wungkuk.
Kuwi mertandhanè yèn urip kari sèsuk.
Mulanè ènggal di akèhi anggonè rukuk.
Karo peraturan Agama kudu tundhuk.
🍉 Yèn sliramu tuwo terus wetengè gendut.
Dudu kok mergo isinè welut.
Ayo podho nyuwun pangapuro sedoyo laku sing luput.
Bèn ikhlas yèn sak wayah-wayah nyowo iki dipundhut.
🍉 Yèn sliramu tuwo untunè akèh sing ucul.
Kuwi mertandhani nyawa sedhèlo manèh bakal mumbul.
Mulanè njaluk pangapuro sakdurungè dipikul.
Ora iso ngibadah yèn awak wis dipendhem nganggo pacul.
💐 Mugi ing titi wanci-
(Sumber : Postingan di Beranda FB Msprayitno)
https://www.facebook.com/msprayitno.msprayitno.1
Repost by : Suyadi Jossmart ( www.jossmart.com)
klik: https://sinaurosorogo.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar