Jumat, 19 April 2019

Ki Lurah Semar Bodronoyo


*KI LURAH SEMAR BODRONOYO*
_ sampun medar sabdo_
 

Laaee, Laee, Laee, Laee. mBegegek ugeg ugeg sak dulita hemel hemel.
Tholeeee ... Gareng, Petruk lan Bagong.

Rungokna tholeee tak meling nyang kowe kabeh ...
Bukaken kupingmu ...
Tatanen atimu ...
Weningno pikirmu ...
Ngrasakke urip ing *jaman edan* kaya saiki iki, kowe kabeh kuduuu ngati-ati. Kuduuu eling lan waspada.
Jalaran akeh macan kekudhung kulit wedhus. Singa kekudhung lulang sapi,
bajul kekudhung lulang kebo...
Ana maliing nganggo klambine polisi...
Ana garoong macak memper kyai...
Ana genthoo gayane sesinglon santri...
Ana rampook omongane niru rama lan pendhita...
Ngalor ngiduul sing dikempit kitab suci...
Ngalor ngiduul sing dikojahake prekara agama...

Laeee, Laee Laee Laeee ...
Jubulane akeh ngulama adol agama...
Akeh pandhita adol donga...
Akeh pejabat adol pangkat...
Akeh hakim adol hukum...
Akeh jeksa adol prekara.
Para dwijaa adol ijasah...
Akeeeh wong adol ayat, adol pasal, adol tanda tangan...
Akeeeh wong sing ethok2 dadi wakile rakyat ...
jebule...ya mung sregep nggrogoti dhuwite rakyat...
Akeeeeh sing ngaku-aku ngayomi kawula ...
jebuleee ... ya mung karem ngrampok bandhane rakyat...

Laee Laee Laee Laee ...
Yen pejabate bejat ...
Yen ngulamane culika ...
Yen pandhitane duraka ...
Yen polisine ngapusi ...
Yen serdhadhune mlayu ...
Yen satriya wis dadi durjana ...
Manuk gagaak nyilih klambine kuntul...
Manuk beluuk nyilih swarane perkutut...
Ora wuruung rakyat kepragat dadi korban...
*Banjuuuur sapaa sing ngayomi, sapaa sing mbelani, sapaaa sing dituladhani ...*
Rakyaat di adu kaya pitik...
Dikeplok'i disurak'i ...
Laeee ... nyawane semuut luwih aji tinimbang nyawane rakyat...

Laee Laee Laee Laee ...
Poma di poma Thole ...
Amenangi jaman edan ...
Yen ora ngedaaan jarene ora keduman...
Nangiiiiing ... Beja-bejane kang lali ... isih luwih begja yen kowee kabeh tetep *eling lan waspada...*
Elingaaa lamun swarga lan neraka iku *nyata ...*
Swarga lan neraka iku dudu bab kang *ngayawara...*

Monggo sami dipun waos ugi dipun raos.
Sesarengan ing wanci dalu sami tirakat ...
supados kathah berkat saha rahmat ...
*Aamiin 3x yaa Robbal'alamin ...*
"DALANG MORAT MARIT"




(Sumber : Postingan di Beranda FB Msprayitno)
https://www.facebook.com/msprayitno.msprayitno.1

Repost by : Suyadi Jossmart ( www.jossmart.com)  
klik:  https://sinaurosorogo.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar