Minggu, 07 April 2019

Wong Cilik Ongklak-Angklik


NERUSNE SURASANE DULUR""lae...lae...begek ugek ugek ...mel mel

WONG CILIK ONGKLAK-ANGKLIK LUNGGUH DINGKLIK

Ojo dumeh dadi raja,duwe panguwasa,banjur daksia marang sepada-pada.. Elinga ora ana raja tanpa kawula.. Mula dadi raja iku kudu bisa dadi panutan lan suri tauladan.. Uga wani korban lelabuhan kanggo kawulane,ora malah mung mikir limise lambe, mblenduke wetenge dhewe lan golongane..
Hmm.. Jaman zaiki akeh wong ndhuwuran ( raja) sing ora pantes dadi pituladan,senenge njarah ngrayah hak'e kawulane,banjur bungah jejogetan linambaran tangis kawulane.. Malah kepara raja pada raja padu,rebutan sing dudu duweke..

Hmm,panas atiku.. Sanadjan aku wong cilik,wong ngisoran,kebrongot atiku.. Banjur tuwuh pamikirku pingin elik-elik marang wong dhuwuran sing gawene malah mung gegojekan,lali marang kewajiban.. Wis tak antepi aku dadi ratu mung pinangka srana lakuku,anggonku pingin ngelikake sing lali.. Ora niat ngrusak pranatan..
Dadi kelingan ngendikane rama semar.. Bakal tekan titi wancine yen ing mengko bakal ana GAJAH PODO GAJAH GELUT ONO SAK NDUWURE GEGERE PORO SEMUT.. apa ngguhno wis tekan jaman iki..
Hmm.. Tak teruske lakuku anggonku bakal elik-elik.. Tak niati,tak pasrahke pati uripku ana ngarsane Gusti..
Muga-muga ora ketemu rama semar dhisik,sakdurunge kasembadan sedyaku.. Yen nganti ketemu bakal babar tenan PRABU KANTONG BOLONG ucul busana dadi PETRUK maneh..
Rama semar.. Nyuwun donga pangestumu...
-----
Cunthel...
hehee... Gor mbasakne gambar iki..
Rahayu..

  (Sumber : Postingan di Beranda FB Msprayitno)
https://www.facebook.com/msprayitno.msprayitno.1


Repost by : Suyadi Jossmart  www.jossmart.com
Klik : https://sinaurosorogo.blogspot.com









Tidak ada komentar:

Posting Komentar