Rabu, 16 Januari 2019

-Ayo Diwaca


*AYO DIWACA*

Manungsa kuwi dititah padha,
Nanging yen masalah bandha dijatah beda,
Mula manungsa iku wajibe mung upaya karo ndonga
Entuk rejeki sepira atine sing nrima,
Ora usah meri karo kanca sak padha-padha..

Akeh wong stres... !
Merga uripe ora beres... !
Rina wengi mung mburu ndonya
Njur lali karo agama
Aja padha ngresula mundhak gelis tuwa,
Wong yen nrima uripe dawa
Wong sulaya uripe rekasa...
Wong sing sabar,
rejekine bakal jembar.
Wong yen ngalah,
uripe bakal barokah.
Sapa sing jujur,
uripe bakal makmur.
Sapa sing tlaten,
tembe mburi bakal panen.
Wong sing sombong,
amale bakal kobong...
- -Zamane wis zaman tuwa,
Akeh manungsa wis angel ditata tuntunane agama,
Senengane malah padha gawe dosa
Tumindak dosa saben dina padha ora krasa..
Sithik-sithik ora ketara,
Suwe-suwe dadi cetha,
Kaya wong tumindak dosa dilakoni saben dina,
Dosa Kadhang-kadhang ora krasa,
Merga pancen wis kulina,
Sing padha ati-ati lan waspada,
Menawa sira ngobrol karo kanca
Ngrasani tangga ngojah alane liya,
Kadhang ra rumangsa awake gawe dosa...
Ayo mumpung durung telat... !
Enggal-enggal padha tobat... !
Timbang ning akherat sira mbesok nampa adzab... !
Mung dosa sepele kang ora dirasakke,
Nanging gedhe akibate marang awake dhewe.
Mumpung isih urip,
Ngibadaha kanti tertib.
Ngelingana yen wes mati,
Ora bakal isa bali.
Mumpung isih waras,
Ibadaha kanti ikhlas.
Mumpung isih longgar,
Ibadaha kanti sabar.
Ngelingana yen wis lara,,
Ora bisa apa-apa
Ngelingana yen wis repot,
Ibadah rasane abot...
*Mugi wonten manfaatipun*

******* Pepenget saking Pinisepuh.*****


(Sumber : Postingan di Beranda FB Msprayitno)
https://www.facebook.com/msprayitno.msprayitno.1

Repost by : Suyadi Jossmart (www.jossmart.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar