Senin, 14 Januari 2019

-Simpenen Tulisanku Iki

Simpenen tulisanku iki yen pancen pingin ngudi ngelmu... Woconen bolabali... Ben faham ojo nganti bingung... Yen bingung ing kene sak teruse bakal kangelan.

Hasile wong nglakoni ngelmu kasampurnan iku.... Ngerti unggah ungguh, ora was selang, ora wedi sopo wae kajobo karo kang bener.

Tepo sliro, ngerti sak durunge winarah, iso moco kahanan, slamet soko beboyo, slamet ono ndonyo lan slamet ono ing akherat.... Dadi wong wicaksono, iso tetulung marang sapodo podo.
Kang kudu disadari ora ono ing alam ndonyo iki bab kang instan... Wong nggegulang ngelmu ora ono kang koyo tuku barang... Angger nduwe duwit iso nduweni.... Ngelmu kasampurnaning urip iku soko hasil lelakune dewe.

Soko dayaning pribadine dewe...
Dudu soko sopo sopo kajobo paringane Gusti Pengeràn.
Dene yen ono wong kang adol ngelmu kae aku yo ra ngerti... Opo kirim doyo, opo kepiye... Nanging jujur aku ora iso opo opo….. Isoku amung mbudidoyo lan dedongo... Gene kasil lan orane kuwi dudu Panguwasaku.

Dadi intine olah rogo iku nganggo Poso... Poso iku ngendalekno karep (napsu) ngarahke ono ing dalan kautaman... Olah nafas.... Olah rasaning rogo ( kepekaan ) lan ngolah rogo ( senam lan liya2ne )

Olah ruh iku ngolah roso sejati yo jatining roso nganggo eling...
Nganggo tafakkur, nganggo musyahabah.
Nganggo mujahadah nganggo tadabbur ... Olah rosoning roso... Kanthi nyawiji marang Gusti.
Olah jiwo iku nganggo ngaji... Yo tukar kaweruh koyo mangkene wus rumasuk olah jiwo... Ngolah ciptane (pikirane) iso mandeng, mantheng, ngobahke opo wae nganggo ciptane (kekuatan pikiran, konsentrasi pikir)...

(Sumber : Postingan di Beranda FB Msprayitno)
https://www.facebook.com/msprayitno.msprayitno.1

Repost by : Suyadi Jossmart (www.jossmart.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar